Mengantarkan anak negeri mengukir prestasi...

Senin, 17 Mei 2010

Mei, Review Pendidikan dan Kebangkitan Nasional

Tanggal 2 Mei 2010 yang lalu tetap diperingati dengan khidmat oleh segenap warga pendidikan di wilayah Kecamatan Kerjo.
Walaupun pelaksanaannya bertepatan dengan
hari Ahad, akan tetapi semangat dan jiwa akan pentingnya pendidikan, kebutuhan kita akan pendidikan serta manfaat yang telah kita peroleh dengan adanya pendidikan telah menggerakkan hati dan langkah kita menuju lapangan upacara untuk mengikuti upacara peringatan Hari Pendidikan Nasional ini.
Seperti biasa kami mengadakan upacara bendera di lapangan kecamatan yang terletak di sebelah SMP Negeri 1 Kerjo.
Upacara diikuti oleh segenap warga, dari Aparat pemerintah kecamatan, kepolisian, perangkat desa, warga sekolah, dari siswa SD, SMP dan SMA, serta guru dan karyawan mulai dari Playgroup, TK/BA, SD, SMP dan SMA.
SMAN Kerjo mengirimkan peserta upacara dari siswa kelas XI dan kelas X yang berjumlah tak kurang dari 450 siswa. Karena siswa kelas XII telah menyelesaikan ujian akhir nasional. Siswa mengenakan seragam putih abu-abu, sedangkan para guru dan karyawan mengenakan seragam Korpri. Kami berangkat dari sekolah sekitar pukul 8.00.
Siswa langsung memasuki lapangan upacara dan menempatkan diri. Akan tetapi karena ada beberapa kelompok peserta upacara yang belum menempatkan diri, maka mereka banyak yang keluar barisan dan berteduh.
Upacara diawali dengan pertunjukan Drum Band dari SDN Ganten dan SDN Kuto 5. Cukup atraktif dan menarik.
Peserta upacara banyak yang belum menempatkan diri.
Ketika upacara akan dimulai peserta upacara segera berbaris dengan rapi. Peserta upacara yang paling akhir berbaris justru dari peserta upacara yang berseragam Korpri. Bahkan ketika komandan kompi telah memasuki lapangan, pembawa acara masih harus mengingatkan para pemakai Korpri untuk tidak berteduh. Karena anak didiknya telah siap mengikuti upacara tetapi mengapa bapak/ibunya belum siap?
Upacara segera dimulai.
Komandan upacara mulai memasuki lapangan, kemudian laporan kepada Peminpin upacara. Berikutnya pada saat pengibaran bendera, siswa-siswi SMAN Kerjo dengan siap dan sigap melaksanakan tugasnya sebagai Paskibra. Bila dihitung dengan lagu kebangsaan yang dilagukan dengan birama yang sesuai, maka apa yang mereka laksanakan tepat sekali. Akan tetapi pengiring lagunya saat itu terlalu cepat, sehingga ketika lagu selesai dinyanyikan, bendera belum sampai di atas. Perlu evaluasi agar pelaksanaan yang akan datang menjadi lebih baik.
Hal teknis juga mengganggu pelaksanaan kegiatan menyanyikan lagu-lagu perjuangan/pahlawan. Karena pengeras suaranya agak terganggu dan alangkah baiknya bila diiringi dengan keyboard atau alat musik, sehingga lebih semangat.
Nilai-nilai pendidikan yang diamanatkan, semoga menjadi motivasi kita dalam memperbaiki pendidikan nasional, memperbaiki sistem dalam mendidik peserta didik, memperbaiki pola belajar serta mampu meningkatkan derajat bangsa dalam bidang pendidikan. Amin.

Minggu, 22 November 2009

Kunjungan TIM Penilai Kinerja Kepala Sekolah

Hari ini kami menerima Kunjungan Tim Penilai Kinerja Kepala SMA Negeri Kerjo.

Bapak Drs. Hartono, M.Hum, Kepala SMA Negeri Kerjo dalam amanatnya pada upacara hari Senin di lapangan SMA hari ini, menyampaikan bahwa kita akan menerima kehadiran Tim Penilai Kinerja Kepala Sekolah.
Beliau mengahimbau agar segenap guru, karyawan dan siswa juga menyambut sebaik-baiknya, karena ini bukan hanya penilaian khusus terhadap Kepala Sekolah, karena walalupun tentu saja ada pengkhususan, akan tetapi tentu tidak terlepas dari segenap kondisi dan warga sekolah.
Kepala SMA Negeri Kerjo mengingatkan untuk mengatakan apa adanya bila mendapat pertanyaan dari Tim Panilai, tidak perlu ditambah atau dikurangi. Mengenai apa saja yang telah beliau laksanakan, hal-hal tertentu yang mungkin ditanyakan, dan lain-lain, selama 2 tahun beliau menjabat sebagai Kepala di SMA Negeri Kerjo ini.

Ada satu hal yang unik, karena pelaksanaan peninjauan ini bertepatan Ulang Tahun beliau Bapak Kepala SMA Negeri Kerjo. Memang ulang tahun beliau adalah tanggal 22 Nopember, akan tetapi bisa menjadi semacam pengingat dan penyemangat.

Semoga semuanya berjalan lancar, karena segala sesuatunya memang sudah natural, seperti itulah adanya. Semoga SMA N Kerjo semakin maju, dibawah pimpinan Kepala Sekolah kita. Amin.

Pengetan Ambal Warsa Kabupaten Karanganyar

Ing prastawa mengeti ambal warsa Kabupaten Karanganyar ingkang kaping sangangdasa kalih, ingkang dhawah ing dinten Rebo surya kaping 18 Nopember 2009, pawiyatan SMA Negeri Kerjo ngadani sawarnining lomba, ing antawisipun :
1. Lomba Pidato Berbahasa Jawa (Pitedah mawi basa Jawi) kangge siswa-siswi SMA Kerjo,
2. Lomba Keluwesan Siswa lan Guru/Karyawan ngagem busana Jawi, kaliyan
3. Lomba Pentas Seni Kelas.

Lomba-lomba punika dipun adani laminipun kalih dinten, inggih punika ing dinten Selasa dumugi dinten Rebo, 17-18 Nopember 2009.

Lomba Pidato basa Jawi dipun laksanaaken dinten Selasa, lajeng Lomba Keluwesan kaliyan Pentas Seni Siswa dipun adani dinten Rebo.

Salaminipun pengetan wiyosan Kabupaten punika, wonten dhawuh resmi saking Pangarsa Kabupaten Karanganyar, Ibu Hj. Rina Iriani Sri Ratnaningsih, S.Pd., M.Hum bilih sedaya karyawan ing tlatah Pamarintah Kabupaten Karanganyar kedah ngrasuk busana Jawi. Ingkang boten purun ngagem busana Jawi badhe pinaringan ukuman arupi kedah ngagem busana Jawi laminipun setunggal wulan.

Mila Bapak Kepala Sekolah, Bapak-bapak Wakil Kepala Sekolah, para guru kaliyan karyawan SMAN Kerjo sami ngagem busana Jawi jumbuh kaliyan dhawuh saking Ibu Rina punika. Ing dingten Selasa para bapak kedah ngrasuk busana Jawi landung (tidak resmi) ananging ing dinten Rebo kedah ngagem busana Jawi Jangkep (ingkang mawi pusaka/curiga/keris)

Menawi dipun suraos panci edi peni luwes ngujiwat. Para ibu katingal langkung sumringah, luwes lan ayu. Para bapak katingal perbawanipun. Panci wonten ingkang rumaos ribet, ananging menawi dipun lampahi kanthi agenging kasadharan ing manah, mila boten awrat setunggal punapa.

Bangsa Jepang mila saged dados tuladha, kanthi kiyatipun anggenipun njagi busana, tumindak, tata cara kaliyan sawernining upacara tradisional milah pikantuk pengakenan ingkang pinunjul. Mila menawi Ibu Bupati Rina sampun ngadani ngginaaken Basa Jawi ing dinten Rebo, ngawontenaken pengetan wiyosan Kabupaten kanthi ngagem busana Jawi punika perlu kita sengkuyung. Sauger boten nilar gegaraning agami kemawon.

Ing SMA Negeri Kerjo piyambak, pengetan wiyosan Kabupaten punika saged kalampahan kanthi sae sanget. Para guru/karyawan nyengkuyung kanthi sigra, para siswa ugi siyaga dhawuh tuwin kebak ing inovasi anggenipun nderek lomba-lomba ingkang dipun adani. Sumringahipun pengetan kaliyan lomba punika saget ketingal wonten ing maneka warninipun jinis kreativitas ingkang sami dipun aturaken.

Wiwit saking kapinteran band, maos puisi, drama kedadosanipun Kabupaten Karanganyar, gerak dan lagu, koor, song lipsing ingkang mranani, ngantos teater ngenani pemberantasan korupsi ingkang boten nguciwani. Sedaya sami saged ngedalaken ekspresi seni ingkang sae.

Boten katalumpen, para siswa ugi ngaturaken kreativitas anggenipun sami saged masak maneka warni dhaharan tradisional. Amargi ing SMA Negeri Kerjo para siswa pikantuk piwulangan Ketrampilan ing Tata Boga, Tata Busana, kaliyan Komputer. Mila leres bok bilih kawastanan punika minangka pengetan wiyosan ingkang jangkep sanget.

Pengetan wiyosan Kabupaten Karanganyar taun punika saged kalampahan kanthi sae.
Dene ingkang kasil pikantuk juara wonten ing lomba-lomba punika ing antawisipun :
1. Juara 1 Lomba Pidato Basa Jawi : Dwi Budiyarso (XII IPA 1)

Nderek dados peserta lomba pidhato basa Jawi mliginipun tumrap para siswa jaman sak punika, tampu radi rekaos ananging tumrapipun para siswa SMA Negeri Kerjo punika sanes salah satunggaling perkawis ingkang ndadosaken andhaping semangat anggenipun nderek dados peserta lomba pidato punika.

2. Juara 1 Lomba Keluwesan Guru : Bapak P. Widhi Nugroho, SE.

Bapak tuwin ibu guru karyawan ugi pikantuk kesempatan nderek lomba keluwesan.. Bapak Widhi Nugroho kaparingan biji ingkang paling kathah, salajengipun Ibu Dian Handayani ingkang angka kalih, lajeng Bapak Agung Santoso ingkang angka tiga.
3. Juara 1 Lomba Keluwesan Siswa : Fitria Ayu kaliyan Doni Bagus (XII IPA 1)


Pancen SMA Negeri Kerjo ing upacara pengetan wiyosan Kabupaten Karanganyar kalawingi bebasan kahyangan jonggring salaka ingkang kebak ing putra putri sulistya ing warni. Para siswa ingkang nderek lomba sedaya ngrasuk busana Jawi, gumebyar, kumrelop, endah ing rupi. Para juri ngantos nemahi bingung anggenipun badhe paring keputusan, pundi ingkang kapilih dados juara, amargi sedaya sami luwesipun, sami gagahipun sami sulistya ing warni. Tampunipun lajeng dipun pendhet sinten ingkang onjo agemanipun, paliang luwes, boten grogi, ngugemi tatacara, patrap tuwin lampahipun tiyang Jawi ingkang sejati.
4. Juara 1 Pentas Seni : Grup Band kelas XI IPS 4

Menawi dipun bandhingaken kaliyan pentas seni tahun sak derengipun, mila pentas seni punika langkung semarak lan teratur, tanpa nilar eksplorasi seni ingkang inggil. Menawi pentas sak derengipun boten sedaya kelas saged tampil, ing pentas seni kalawingi, sedaya kelas saged ngedalaken wakilipun. Dados saged langkung semarak lan maneka warni tampilan.

Mugi Kabupaten Karanganyar saged lestari nglampahi pembangunan ing satengahing majenging teknologi, tanpa nilar paugeran tradhisi lan agami. Amin.